Title : "Ceritone cah SMP"
Kind : fiction java short story ( cerpen rekaan )
By : Yama Yam
Aku iki uong jowo, ameh diapak apak e yo tetep ketok jowone. O iyo, jenengku City. Keren yo? Eruh lah jeneng jowone. Yo, Siti Siti.., yo kui jenengku. Siti Maysaroh, jeneng soko mbah buyotku. Aku kelas 3 SMP, ameh lulus tapi yo rodok rekoso sinaune.
Aku ki nduwe konco lanang jenenge Kevin, kemetak e pol. Jeneng ae sok artis, tap i uonge tetep ndesone. Ndeso yo ndeso ae keles. Tapi, de e ki salah siji grup ubyak ubyuk ku ning sekolah. Jeneng konco ubyak ubyukku liane yoiku Dewi, Arum, Andi, lan Santi. Cah enem iki iso diarani konco ruaket, sahabat ngono lah. La pie eneh to, ket TK sampek SD, mlebu smp yo sak smp malah sak kelas maneh. Asline yo waleh tapi yo pie eneh, terimo ae lah.
Lha, aku paling gueting nek Kevin ki ngganggoni aku. Awit soko pelajaran nganti muleh sekolah isine ngurek ngurek bukuku nek gak ndelikake pensil utowo polpenku. Pernah, nganti puegel e ning atiku pas meh ngerjake PR isuk isuk aku nganti nuangis amargo buku tugasku entek diurek urek kevin. Megelne to, jan tarah cah wi. Mboh, mbok e ngidam opo wi. Nanging, masio Kevin koyok ngono de'e ki asline yo care karo cah cah nek pas waras.
Nggon sing paling enak dicurhati ki yo ning Santi utowo Andi. Cah loro kui wes koyo dadi saksi urip sak suwene uripku iki. Jane aku pernah nyenengi uong, tapi rasido nggarai ki sing tak senengi kui yo disenengi Arum koncoku dewe. Ngganteng wonge, jenenge Abdul. Andi kan yo koncoan ambek Abdul kui, lha Andi ki kan yo eruh to nek aku yo seneng mbek Abdul. Ee.. Lha kok diandakne ning Abdul e, nek dheweke disenengi aku ambek Arum. Asem tenan og Andi ki. Jarene maneh, Abdul nggur ngguyu tok lan muni "mosok?" Ngono tok. Asem to.
Bedo cerito maneh, Dewi kui asline nyimpen roso ambek Kevin. Aku, Santi lan Andi sing wes nggosip nganti nemokne akar akar e gelagate Dewi. Padahal, Dewi ki mbien santai santai ae utowo woles woles ae nek guyon mbek Kevin koyok guyon mbek cah cah ngeneki. Eh, jok semingguan iki mboh kan endi awale Dewi kuetok salah tingkah lah nek guyon opo ngomong mbek Kevin ditambahi maneh nek di cie cie ambeh cah-cah. Haha, kudu guyu aku jane ndelok Kevin ki. Bocah og semprul koyok ngono iso disenengi mbek Dewi. Tapi yo tarah bocah, Dewi mesti ngapusi nek ditakoni.
"Mbak sitii.... Nyileh pulpen...tak engge ulangan iki ae.. Plissss", lambene Kevin.
"Giaaahh.... Entek pulpenku, nyiliho Dewi kae lo.. :p", sautanku.
Jan mualesi nek wes nyilah nyileh ngeneki. Mesti ratau mbalek e. Eh, megelne pulpenku langsung dijipuk sak enak udele dewe. Asem.
"ViiiN!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!", bengo'anku sampek nyeglokne kota'an seng ku.
Sak kelas podo kaget. Gurune barang yo kaget. Aku dewe ae seng mbengok nganti kaget. -_-'
Kampret tenan, gurune nganti nesu nesu. Wes tuek, emosine duwur eram. Opo goro goro tuek ngono ya? Ngomel e duowo. Alhasil, aku ambek kevin malah dihukum ulangan neng perpus. Uasem, raiso nyontek aku. Nyontek Kevin podo ae entok biji endog.
"Rasah ngguya ngguyu ae we, asem i ", omongku neng Kevin pas mlaku bareng moro perpus.
Suemprol, Kevin mayare gowo buku alias nyerpek buku paket langsung. Wah, setan tenan tapi gaopo wis demi biji apik yete. Hehe.
Akhire, adewe iso bar seperempat jam tok ngerjakne ulangan sejarah. Jos tenan Kevin i. Hehe. Lha, wektu sak jam luweh iki tak sempetke ngge takon tentang Dewi. Ahihi:p
"Cie di ser Dewi...", ceplosanku.
Kevin malah ngguyu ngakak tapi bar ngono maleh pasang wajah serius. Aku maleh rodok wedi. Kevin crito nek de'e ki ora ngeser Dewi, de'e malah gak seneng nek dadi bahan sora'an cah cah neng kelas.
"Aku ki ra seneng koyok ngono sit... Cah cah ki lebay.. We barang wi.. Omongno neng cah cah ngono lo sit.. Ya?", omongane Kevin mbek melas.
"Eh tapi lo vin, tak omongi tenan ki nek Dewi kui ketok e tarah ngesir tenan ning koe vin... ", sautanku serius.
Kevin malah ngalehke pembicaraan, de'e njumuk buku tulisku terus nulisi jeneng Abdul. Suampret, de'e ngerti tekan sopo jal? Duh, aku nggur meneng mbek speechless. Isin eg, jambol. Yowislah, akhire aku curhat ning de'e sisan. Tapi saiki aku wis gak ngesir eneh. Hmm, Kevin eruh soko Abdul e langsung ternyata. Jarene Abdul sempet njaluk nomerku jare. He? Aku yo rodok kaget. Tapi asem e, Kevin ra ngekek ne nomerku. Aku langsung njumuk buku tulisku. Sok nesu ngonolah.
"Cah ngambekan... Guaya..", omongane Kevin.
Ujug ujug aku guyu. Terus aku angger nyeplos,"hoo...nyapo wi we ra ngekekne nomerku hoo??? We yo seneng to mbek aku terus we cemburu deh nek Abdul njalok nomerku ??". Terus aku ngguyu sak ngguyu ngguyune.
Tapi Kevin malah langsung meneng cep ora obah. Wajahe maleh ita itu serba bingung koyok ketangkep basah ngonowi. Mosok iyo? Tenan seneng mbek aku -_-. Imposible eram.
"Iyo te vin? Kok meneng?", ceplosanku ambek wajah sok serius ngono wi.
"Gundulmu wi.. Wes mboh ayo mbalek ning kelas..", sautane Kevin ambek gandeng tanganku.
Tarah yo cah semprul. Tapi, aku ijek muikir sak muikir mikire mosok iyo sih. Amargo ora kuat mikir eneh, akire aku cerito ning Andi ae. Jarene Andi paling iyo ae Kevin seneng mbek aku. Jarene Andi meneh, de'e pernah nemoni ning kamare nek de'e nyimpen fotoku mbek de'e pas cilik mbien. Kok dadi soyo kampret, terus aku cerito ning Santi. De'e malah kaget lan muni mungkin ae ngono. Jare Santi, klakuane Kevin ning aku kui koyok nggudo lan aneh ae jarene bedo ambek cah cah liyo. Amargo tambah soyo kampret ngene, tak wanikne ae aku takon langsung neng Kevine.
Pas pelajaran aku sms de'e. Pas moco smsku, motone melilik jan.
To : Kevin
We seneng tenan to mbek aku? Jujur! Rasah gae penasaran we.
"Cepet hapusen sms e! Saiki!", omonganku ning Kevin sing lungguh ning sampingku. Untung pas pelajaran ekonomi iki aku lungguh ning mburi dewe mbek Kevin. Aku ra wani ngomong langsung mergakno wedi nek kekrungon liane masio irih irih.
Aku rodok ndredeg. Kevin mbales i ngene nek pengen eruh jawabane engko bengi ayo mangan ning warung latte. Aku tak ngomong sak jujurku ning kono. Pie dadi ra salah tingkah ngene? Sok serius cah iki. Yawislah, tak iyani ae.
Kevin teko ndisik. Eh ameh ae lungguh ning kursi ngareppe, Kevin ujug ujug ngadeg. Aku yo rodok kaget, teros de'e lunggoh eneh. Rodok aneh jane, tak ben ke ae tapi. De'e kuetok koyok grogi salah tingkah ngono. Garai aku melu melu grogi ae.
Aku ameh njemplak sak njemplak njemplake. Iso dadi edan ngene ceritane. Kevin iso nembak aku?. Ternyata kampret tenanan, de'e ngungkapne roso seneng ning aku. Akune yo mlongo ae. Iso ngene to? Aku yo rodok bingung. Terus aku ngomong ae nek awakdewe ki sahabatan, aku jek gung iso ngrelakke persahabatane adewe. Aku ndang ngebarne makan malam iki, rasaning ati pengen nangis. Kevin nambahi, nek de'e tetep nyenengi aku peh adewe sahabatan lan peh sak suwene urip iki sampek roso iki ilang ilang dewe.
END

"Ceritone cah SMP"

0 komentar:
Post a Comment